-->

Materi dan Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Ujian Praktek Kelas 9 SMP

Materi dan Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Ujian Praktek Kelas 9 SMP

PERANGANE NASKAH PIDHATO 


PEPILING 
Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :
1.      Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.

2.      Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.

3.      Isi utawa Surasa Basa
Isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.

4.      Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

5.      Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.

6.      Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.




Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Kelas 9 SMP untuk Ujian PraktekJudul : Perpisahan 


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
          Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP ..........., ingkang kinurmatan dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu undangan  saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
          Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2015/2016, dinten senin, 5 maret 2016 ingkang enjang menika.
          Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan.
          Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah  ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged ngrampungaken belajar  lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun kangge pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah  ingkang lewih inggil. Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten kangge bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
          Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten.


Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel